Senin, 12 Februari 2024

Serat Mintaraga



Serat Mintaraga 

Kapetik saking Serat Mintaraga - yasan  Sampeyan Dalem Sinuwun PB III 

nedak saking serat kina Arjunawiwaha yasan ingkang minulya Mpu Kano.


Mangkana Sang Parta matur aris | dhuh pukulun sêmbahing manuswa | pada bathara yêktine | katur jêng sang sinuhun | apan rêke pukulun ugi | sêmbahipun pun Parta | ênggène dumunung | ing mangke ing têmbeneka | sêmbahipun pun Parta datan lyan ugi | kang mumpuni ing sêmbah ||

apan sêmbah manuswa puniki | kadi ta angganing tahên ika | ingkang umijil agnine | kang pama tahênipun | inggih pada bathara ugi | kang minăngka agninya | têmah manuswèku | pan tan kawasa anêmbah | myang amuji nênggih kawula puniki | lamun datan anaa ||

sihing pada bathara sayêkti | pan jatining manuswa punika | kadi menyak upamine | apan menyak puniku | mêdal saking wong mutêr nênggih | dening ingkang minăngka | wong mutêr satuhu | sayêkti pada bathara | kang minăngka menyakipun kang upami | manuswaning bathara ||

Sang Arjuna angastuti malih | byapi-byapaka têgêse ika | byapi wisesa têgêse | byapaka têgêsêsipun | kang misesa puniku nênggih | inggih pada bathara | karan mangkanèku | dening ta pada bathara | sarining cipta amisesa sayêkti | inggih pada bathara ||

datan aganal kalamun pinrih | pada bathara tan moring agal | miwah ing ala ayune | karane mangkanèku | dening pada bathara ugi | langgêng ingkang akarya | jagade puniku | apan patine uripnya | lan langgênge orane manuswa iki | apan anèng ing karsa ||

karsaning pada bathara nênggih | apan manuswa puniki uga | sakane miwah ulihe | mangke ing têmbenipun | saking pada bathara ugi | pinangkane duk ora | manuswa puniku | ngastuti malih Sang Parta | dhuh pukulun pama manuswa puniki | yèn arsa ngawasêna ||

ing pada bathara ingkang yêkti | upama kadi angganing wulan | mimba madyaning wiyate | wontên gatha têtêlu | wadhah tiga punika ugi | kang satunggal si toya | awêning kalangkung | wadhah kang satunggalira | isi toya alêtuh toyanirèki | wadhah kaping tiganya ||

kang tanpa isi toya satunggil | sami kadulu dhatêng kang wulan | yêkti wayangan wulane | yèn tumiba puniku | ing wêwadhah ingkang aisi | toya wêning punika | nyata yèn dinulu | têtela rupaning wulan | kang tumiba ing wêwadhah kang aisi | toya lêtuh punika ||

wêwayanganing wulan kaèksi | ingkang tumiba anèng wêwadhah | ingkang alêtuh toyane | sami katingalipun | wêwayangan wulan anênggih | nanging datan têtela | sabab toya lêtuh | wondene ingkang tumiba | ing wêwadhah ingkang tanpa isi warih | tan wontên katingalan ||

saking botên wontênipun nênggih | wêwayanganing wulan punika | dening wêwadhah suwunge | tanpa isi toyèku | măngka ing dumadi puniki | ingkang minăngka kanya | tahaning suksmèku | ingkang tumiba wêwadhah | toya wêning têgêse ingkang sujanmi | rahajêng manahira ||

kang têtêp puji bêktinirèki | ing bathara dening kang tumiba | wêwadhah lêtuh toyane | manuswa kang puniku | ingkang rago manahirèki | kang arêp ora-ora | mring pênêd puniku | wondene ingkang tumiba | ing wêwadhah ingkang tanpa isi warih | manuswa kang mangkana ||

ingkang mungkur batharanirèki | kang ngarêpakên marêgi pangan | kang aja kurang turune | ywa towong sahwatipun | nandhang nganggo ywa kurang malih | wong kang mangkono uga | sasat sato tuhu | sato mani namanira | têgêse sato mani puniku ugi | sato wênang pinangan ||

karantêne manuswa puniki | botên kadi sami angulaha | maring ing yoga bratane | ya ta malih amuwus | Sang Arjuna malih ngastuti | pun Parta dhatêng pada | bathara satuhu | katêmu dening manuswa | yèn pada bathara kang nêmokkên ugi | punika sayêktinya ||

kang wênang lawan kaidhêpnèki | pada bathara dening manuswa | yèn bathara sayêktine | kang mênangakên tuhu | lan kaidhêp têgêse nênggih | pukulun pan tan ana | pangawasanipun | ingkang kawula punika | tan lyan saking jêng pada bathara ugi | pinangkane punika ||


1.Manusia jernih batinnya sinebut Manusia Dewa kadya dewa (bathara) ngejawantah. Bak bayangan bulan jatuh di wadah berisi air yang jernih.

2. Manusia kotor batinnya sifat kadewatan kabhataran (sifat luhurnya) hanya sedikit - bak bayangan bulan yg jatuh d wadah berisi air yg kotor 

3. Manusia kadya kewan - manusia binatang tanpa sifat kabhataraan atau kedewataan - bak bayangan bulan jatuh d wadah tanpa air.

KRT. Cahya Surya Sonto Djojowinoto


Tidak ada komentar:

Posting Komentar